Aku tak tahu lagi, entah....
Ilusikah atau bayang-bayang?
Atau ilusi dan bayang-bayang adalah hal yang sama? Entah..
Aku hanya bagian dari kaum praspototo yang tak mengerti akan arti bahasa....
Atau...
Bahasa adalah paradok..
Yang tersusun rapi secara pragmatis agar kita diam..
Entah..
Aku tak mengerti..
Bagaimana mereka menyusun rapi kata demi kata dengan berulang ulang, hingga tak tampak ruang kosong yang hendak ku tata dengan bunga anggrek..
Iya aku ingat kemarin sore ketika kusiapkan sekam penuh suka cita..
Dan sekarang yang kuingan hanyalah ilusi belaka..
Angkawijaya
Senin, 05 Januari 2015
Jumat, 05 September 2014
Air
Aku....
bagaikan air yang jatuh ketanah..
kubasahi permukaan tanah, kemudian akan mengalir keselokan dan bermuara entah kemana...
aku bagai air jatuh ketanah..
datang kemudian menghilang tertelan bumi..
aku bagai air jatuh ketanah...
menumbuhkan benih-benih yang jatuh dari burung pipit..
aku... aku... aku..
aku merindukan tanah,
Mencintainya dengan cepat kemudian melihatnya tersenyum ditumbuhi oleh pepohonan
kemudian aku akan menantinya sampai dia memanggilku kembali..
bagaikan air yang jatuh ketanah..
kubasahi permukaan tanah, kemudian akan mengalir keselokan dan bermuara entah kemana...
aku bagai air jatuh ketanah..
datang kemudian menghilang tertelan bumi..
aku bagai air jatuh ketanah...
menumbuhkan benih-benih yang jatuh dari burung pipit..
aku... aku... aku..
aku merindukan tanah,
Mencintainya dengan cepat kemudian melihatnya tersenyum ditumbuhi oleh pepohonan
kemudian aku akan menantinya sampai dia memanggilku kembali..
Senin, 14 Juli 2014
Bocah
Langkah kaki silih
berganti,
Dua bocah dengan muka
kucal berantakan,
Tertawa dibawah pohon
terpingkal hingga tidur pulas,
Bangun dikala senja dengan kenangan indah hari ini..
Kurawa dan Pandhawa
Aku mulai bosan
dengan tingkah mereka…
Mereka…. Mereka…..
Mereka…. Mereka…. dan Merekaaa…
Pandhawa dan
Kurawa..
Aku mulai muak
dengan tingkah-tingkah para pandhawa yang merongrong kekuasaan kurawa,
Aku sungguh tak suka
dengan sikap mereka yang tak mau menyenangkan hati siwo mereka yang buta itu,
Aaaakkkkkkkkkkkkhhhhhhhhhhh……….
Jahanam kalian semua,
Akupun muak dengan tingkah polah para kurawa,
Mereka tak
sedikitpun punya welas asih pada adiknya.
Tak ada sikap hormat
dan santun,
Bejat………
Aku muak dengan kalian
para Pandhawa dan Kurawa atas mengalirnya darah di kurusetra,
Atas matinya
prajurit-prajurit yang dinanti kepulangannya oleh anak dan istrinya,
Aku muak dengan
tingkah kalian,
Dan akan aku ingat
semua ini Durgandhini,
Karena egomu darah
tumpah ditanah ini,
Aku tak akan lupa.
Jumat, 20 Juni 2014
Ahirnya hujan di bulan juni itu muncul
Hujan di bulan Juni memang selalu dirindukan,Dan bahkan sangat dirindukan hingga Sapardi pun menulis dalam sajaknya,
Mehilangkan jejak-jejak langkah diantara deburan debu di musim kemarau,
Yang akan terus menerbangkan bulir-bulir debu kematamu hingga buatmu menangis,
Namun setidaknya engkau tak perlu risau karena kini hujan telah turun setelah kemarau pergi,
Selamat merajut asamu kembali,
Maafkan jika aku telah menjadi kemarau itu.
Yogyakarta 20 Juni 2014, dari lubuk hati.
Senin, 09 Juni 2014
ANALISIS SEMANTIK NAMA SUKET WONTEN ING DESA GROGOL PALIYAN
GUNUNGKIDUL
E-JOURNAL SKRIPSI
dening
Sumaryoto
NIM 09205244042
PROGRAM
STUDI PENDIDIKAN BAHASA JAWA
FAKULTAS
BAHASA DAN SENI
UNIVERSITAS
NEGERI YOGYAKARTA
2014
A. PURWAKA
Suket inggih menika salah satunggal jinising
tetuwuhan ingkang saged gesang wonten
ing sawah saha pategalan. Kahanan menika mratandhakaken menawi suket menika
gampil gesang. Kawontenan kasebat ugi ndayani kathahipun jinis suket. Masarakat
jawa ingkang remen ngatosaken samubarang bab kanyata ugi paring tenger suket
kanthi paring nama ingkang mligi dhumateng suket, ananging kanthi ewah gingsiring jaman kanyata suket
menika awis-awis dipungatosaken. Nama suket wonten ing masarakat Jawi wonten ing jaman samenika sampun awis-awis malih dipunrembag, menika
awit para masarakat samenika langkung menggalih babagan paedah saha
kapitunanipun suket tinimbang namanipun. Kanthi kawontenan menika ndayani nama suket awis-awis dipunwastani.
Kahanan wonten ing nginggil ndayani nama suket
ingkang sampun dangu ngrembaka wonten ing masarakat Jawi menika saya dangu saya
ical. Icalipun basa menika wiwit saking boten dipunmangertosi tegesipun nama
dumugi icalipun nama kanthi permanen.
Kanthi icalipun nama suket saking basa menika ugi mratelakaken ilangipun
kabudayan. Saged kawastanan ilanging kabudayan amargi basa menika perangan
saking kabudayan.
Nama-nama suket menika ingkang gadhah nama mligi saha teges menika kanyata
narik kawigaten supados dipuntliti. Ndhudhah nama saha teges menika kanthi cara
analisis semantik inggih menika salah satunggal cara wigati ingkang saged
dipunlampahi. Cara menika kaajab ndayani lestantunipun basa mliginipun bab nama
suket wonten ing tembe mburinipun.
Wondene nama suket saha tegesipun wonten ing beda papan kadang kala beda. Boten mokal bilih nama menika namung wonten ing papan tertemtu mawon kamangka wonten
ing papan sanes wonten suket ingkang wujudipun sami. Kanthi menika saged ugi wonten ing desa Grogol, wonten suket ingkang sajatinipun sami nanging beda namanipun. Kadadosan ugi bilih wonten
setuggal suket ingkang gadhah nama langkung saking setunggal.
Masarakat desa Grogol ugi gadhah padamelan mayoritas
tani ingkang ndayani kathah masarakat ingkang tasih nengeri nama suket. Nama suket
ingkang ngrembaka menika dereng gadhah cara negesi kanthi cetha pramila
panaliten menika badhe ngudhari cara negesi ingkang cetha supados pikanthuk teges
ingkang gumathok.
B.
GEGARAN TEORI
Semantik inggih menika ngelmu ingkang
nyinau babagan lambang-lambang utawi tanda-tanda ingkang nuduhaken makna,
sambung rapetipun makna setunggal lan sanesipun, saha pengaruhipun dhumateng
manungsa. Mula saking menika semantik ngemot bab tegesing tembung, ngrembakanipun saha ewah
gingsiripun (Tarigan, 1985: 7).
Gayut kaliyan semantik ingkang nyinau bab teges.
Teges
wonten ing padintenan ngemot babagan bab utawi konteks pangangge. Tembung makna
asring dipunanggep sami pangertosanipun kaliyan teges, pamanggih, penggalih,
utawi wos (Suwandi, 2008: 43). Teges leksikal ugi
kasebat teges ingkang
saestunipun, inggih menika makna ingkang jumbuh kaliyan paningalan, pramila
napa wontenipun, utawi makna ingkang wonten ing kamus (Chaer, 2009: 60). Teges kiyambak kanyata sesambungan antawis tembung
setunggal lan sanesipun ingkang kasebat medan leksikal.
Medan leksikal (lexical
Field) dipundamel saking saperangan satuan
leksikal ingkang sesambungan antawisipun setunggal lan setunggalipun Lehrer
lumantar (Wedhawati, 2000: 260). kangge nemtokaken identitas medan leksikal
dipunprelokaken analisis komponen makna. Analisis menika dipunlampahi kanthi milah-milah komponen makna satuan leksikal ingkang dipunanggep adamel medan leksikal. Tuladhanipun satuan leksikal
peksi, ayam, bebek dipunpanggihaken
komponen wulu, swiwi, cucuk, saged mabur,
saged renang (Wedhawati 2000: 261-262). Wontenipun komponen makna menika saged ndayani negesi
tembung dados gampil. Gampiling negesi tembung menika
awit komponen makna menika saged dipunginakaken minangka dhasaring negesi
tembung.
C.
CARA PANALITEN
Panaliten
kanthi irah-irahan kajian Analsis Semantik
nama suket wonten ing desa Grogol, Paliyan, Gunungkidul menika kalebet wonten
ing panaliten diskriptif. Panaliten menika gadhah ancas ngandharaken nama, makna, saha
kagunan suket wonten ing desa Grogol, Paliyan, Gunungkidul kathi napa
wontenipun jumbuh kados andharan wonten ing nginggil. Panaliten
menika ginakaken data
panaliten awujud nama suket, wujudipun suket saha paedahipun
wonten ing desa Grogol, Paliyan
Gunungkidul. Data wonten ing panaliten
menika dipunpanggihaken saking informan. Sumber data panaliten wonten ing
panaliten inggih menika awujud
kertu data, gambar suket, daftar asiling
wawancara.
Cara ingkang
kaginakaken adedhasar kawontenan narasumber wonten ing desa Grogol, Paliyan Gunungkidul. Cara
ingkang kaginakaken inggih menika, Observasi,
wawancara (pirembagan), saha dokumentasi.
Cara analisis
wonten ing analisis menika ginakaken analisis komponensial. Analisis
komponensial kalampahan adedhesar bilih tembung ngandut kesatuan makna ingkang gadhah sistem
ingkang saged dipunandharaken titikan bedanipun, inggih menika komponen ingkang
kontras kaliyan komponen sanesipun,
fungsinipun kangge bedakaken teges setunggal lan sanesipun (Wedhawati wonten
ing Widyaparwa No.31, 1987: 17)
Panaliten menika
ginakaken validitas trianggulasi sumber. Trianggulasi sumber kalampahan kanthi
bandingaken data saking informan. Cara menika ndayani asiling panaliten
kawastanan sah. Validitas salajengipun ingkang kaginakaken inggih menika
validitas semantik. Validitas semantik gadhah ancas ningali dumugi pundi data
saged saged dipuntegesi jumbuh kaliyan konteks basa, dipunprelokaken minangka satuan ingkang ngemot susunan internal ingkang gadhah teges.
Panaliten menika samangkih mawi semantik logika sanes semantik lingual.
Reliabilitas wonten
ing panaliten menika kalampahan kanthi cara nyuwun pirsa dhumateng informan
sanes ngantos ndayani asiling panaliten ingkang tetap. Panaliti ugi ngambali
anggenipun naliti kanthi makaping-kaping. Sasanesipun menika kangge jaga
reliabilitas dipunlampahi ugi kanthi cara konsultasi ahli.
D. ASILING
PANALITEN
Panaliten
bab analisis nama suket menika dipunlampahi wonten ing desa Grogol kecamatan
Paliyan kabupaten Gunungkidul. Asiling panaliten menika awujud data jinising
suket wonten ing desa Grogol kecamatan Paliyan kabupaten Gunungkidul, diskripsi
makna leksikal saha paedahipun.
Nama-nama menika antawisipun:
Alang-alang, Apa-apa, mBakoan, Blembem/
Blemben, Cikalan, Dangon, Dranjangan, Gajahan, Genjahan, Gewor, Grinting, Iles-iles, Kalanjana, Kalamenta, Kapukan,
Katemas, Krokot, Kerok Bathok, Krambilan, Lamuran, Lancuran, Larasetu, Legetan,
Legetun, Lengis, Lempuyang, Lombokan, Lulangan, Mendhongan, Menga-mengo, Menyawun,
Ongkereo, Patikan, Rambutan, Reketek, Ranggitan, Remakan, Sriwit, Suket Ijo, Sundel mbedhel,
Susuh emprit, Tadhah udan, Tali wuyung, Teki, Tuton, Waderan, Wudelan.
Saking 47 jinis suket wonten ing Desaa Grogol, caranipun
maringi nama saged ugi katitik saking paedah, emper-emperan, saha sipat ingkang
mligi. Wondene paedah suket mawarna-warna. Paedahin suket antawisipun
kangge pakan raja kaya, kangge jampi, kangge sarana tolak bala, wot siti saha
tetedhan. Saking mawarna-warna Paedahipun kala wau wonten ing desa Grogol,
Paliyan, Gunungkidul kantun Paedah kangge pakan raja kaya saha wot siti mawon
ingkang asring kaginakaken. Paedah minangka tetamba, sarana tolak bala, saha
tetedhan sampun awis-awis kapanggihaken.
E.
DUDUTAN
Saking asiling panaliten menika dipunmangertosi 47 jinis nama-nama
suket wonten ing desa Grogol, Paliyan, kabupaten Gunungkidul.
Nama Suket wonten ing desa
Grogol saged dipuntegesi kanthi makna leksikal. Makna leksikal menika
kandharaken kanthi cara analisis komponensial. Analisis komponensial menika
kapilih awit kanggep jumbuh saha ngampilaken anggenipun negesi. Wondene asiling
makna leksikal saged karumusaken kanthi, araning suket dipunlajengaken komponen
saha paedah.
Paedah suket wonten ing desa
Grogol, Paliyan, Gunungkidul wonten warni-warni cacahipun. Paedah ingkang
paling umum inggih menika kangge pakan raja kaya. Paedah sanesipun suket saged
dipunginakaken kangge wot, payon, tetamba, sarana tolak bala saha kangge
dedhaharan.
KAPUSTAKAN
Chaer, Abdul. 2009. Pengantar
Semantik Bahasa Indonesia.Jakarta: Rineka Cipta.
Suwandi, Sarwiji. 2008. Semantik Pengantar Kajian Makna. Yogyakarta: Media Perkasa.
Tarigan, Henry Guntur. 1985. Pengajaran Semantik. Bandung: Angkasa.
Wedhawati. 2000. Analisis Komponensial dan Struktuk Medan Leksikal Verbal Indonesia
yang Berkomponen Makna (+Tutur +Mitra Wicara-Serius). Pereksa Bahasa Hlm 259-289.
Yogyakarta: Balai Bahasa.
Wedhawati. 1987. Analisis Semantik Kata Kerja
Bahasa Jawa Tipe Nggawa. Widyaparwa nomor 31 Hal
17-31. Yogyakarta: Balai Penelitian Bahasa.
Minggu, 01 Juni 2014
Wulandari
Wulandari
Dening
Angka Wijaya
Angin wengi kang
sembribit ngancani lelamunane Suratman ngambara. Padhange rembulan lan lintang
ing angkasa nambah endahe lelamunane Suratman. Mripate ora kedep nyawang langit
sambi mesam-mesem. Suara mobil lan motor ing tengah kutha ora dirungokake
maneh. Sajroning lelamunan Suratman ngalembana awake. “Kaya ngene iki rasane
wong urip mulya, kepenak tur ayem, kok ya ora wit biyen aku urip ana kutha.
Lulus kuliah, nyambut gawe pangkate ya lumayan wis duwe calon sisan, pancen
bejo tenan awaku.”
Tit tit tit, ada sms, ada sms.
Dhumadakan Hpne Suratman nyuwara. “Wo lha jan Hp ra reti wong lagi seneng
ganggu wae. Sapa ta sms ra reti wektu ki ?” anggone Suratman gersula jalaran
diganggu anggone ngalamun. Sms banjur dibukak kanyata sms seka kekasihe Septi
Wulandari kang njalari Suratman ora nyidake olehe nesu.
“Tresna
iku kaya tibaning udan ing bumi kang ora milih-milih papan tumiba.
Tresna
iku kaya obahing angin ing ngawang-awang kang ora ngerti saka ngendi papan
dhununge.
Tresna
iku sinaring sang bagaskara tumrape para urip.”
“Sayang mangertiya
umpama udan, angin, lan srengenge iku tresna ya mung sliramu kang pantes dadi
udan, angin, lan srengenge.” Walese sms Suratman marang Septi.
“Mas aku kapang kaiyan
sampeyan, wis rong dina ora kepethuk, sampeyan lagi ngapa?”Pitakone septi marang
Suratman, pancen Septi marang Suratman.
“Lagi ngalamunke kenya
ayu,” sambunge Suratman.
“Lagi rongg dina ora
kepethuk wis ngelamunke wong ayu, hayo SAPA? (NESU).” Wangsulane Septi ana ing
sms.
“Sapa ya? Ya mesthi wae
sing nampa sms iki.” Wangsulane Suratman karo guyu njegigik.
“Sampeyan iku lho mas
marahi tambah tresna wae. He-he isin aku, ndelik ah.” kandhane Septi.
Nganthi
jam 01.00 wengi anggone Suratman smsan. Ngalor ngidul ora karuan. Pungkasane
Suratman mungkasi smse amarga wedi mundhak kasep anggone nyambut gawe sesuk.
Sanajan
uwis duwe kalungguhan kang dhuwur ana ing papane nyambut gawe, Suratman ora
gampang marem karo apa kang diduweni.
Kepinginan gayuh kalungguhan kang luwih dhuwur saben-saben mlebu sajroning
angen-angene. Pancen Suratman kuwi bocah kang mempeng, kawiwitan nyambut gawe
ana bagian marketing ing prusahaan tour lan travel, kang saben dina kudu
kekancan karo kebul lan panase srengenge Jakarta saiki wis isa dadi manajer
marketing ing prusahaan iku, mung wae
Suratman ora marem karo kahanane kuwi. Pepinginan kang dirasakake terus
ngrembaka.
Apa
kang dikarepe Suratman kanyata kaya tumbu oleh tutupe. Suratman di senengi
dening wong kang duwe prusahaan aggone dhewekw nyambut gawe. Pak Brata priyayi
kang duwe prusahaan mongkok duwe karyawan kaya Suratman, pawongane bagus,
greteh lan mempeng anggone nyambut gawe. Kahanan mengkono kang gawe cedhake
Suratman marang pak Brata, saben ana
tender Suratman kang didhawuhi mangkat. Kanyatan kuwi uga ora mung dadikake
cerake Suratman marang pak Brata nanging
uga karo kaluwargane pak Brata, lha kepie wong saben-saben ana tender gedhe lan
rada rusia pak Brata remen menawa rembugan ana ngomah.
“Badhe
kondur mas? Sampun dalu mbok boten sah, nyipeng mriki mawon.” Panjaluke Laura,
putra mbarepe pak Suratman.
“Ora
mb, wong pondokanku ya ora adoh seka kene.” Ature Suratman kanthi kurmat.
“Iya
ora papa Man, sesuk mangkate bareng aku wae.” Sahute pak Brata.
“Boten
pak, boten sekeca kaliyan kanca-kanca mangkih ten kantor.” wangsulan Suratman
sepisan maneh pratanda pancen pengin bali.
“Ya
menawa mengkono ya ora papa.” Ngendikane pak Brata.
“Walah
bapak ki lho, rak ya mesake ta.”Omonge Laura Sajak kuciwa.
“Ora
papa mb, aku tak pamit wae.
Assalamualaikum.” ature Suratman pungkasan terus bablas bali ana pondokan.
Laura
Subrata kenya ayu kang gawe gunjingin
atine Suratman. Dheweke rumangsa keceraken karo kluwargane pak Brata kang
njalari tuwuhing wit katresan saka Laura. Menawa dipikir-pikir kanthi temenanan
pancen Laura kuwi kenya kang ayu, pinter, putih kaya model sugih pisan. Menawa
dheweke males katresnaning Laura mesthi wae drajate munggah, menyang
ngendi-ngendi sumanding kenya ayu tur dheweke mesthi wae kecipratan sugihe
kepara pak Brata mesthi menehi kalungguhan drektur marang dheweke amarga Laura
kuwi putri kang paling ditresnani.
Mosik
pikirane Suratman wengi iku ing pondokan. Suratman ora mentala yen arep ninggal
Septi kekasihe kang wis sesambungan udakara telung tahun. Suratman uga ora
kuwasa nolak katresnane Laura mundhak
gawe kuciwa, apa meneh dheweke nyambut gawe ana prusahaane pak Brata ya bapake Laura.
Ora bejo gaweane uga mandheg. Kahanan
mengkono kang diwedeni dening Suratman. Apa iya dheweke bakal nyanding
kekarone. “Ah kula kedhah kadospundi gusti? “Sambate suratman.
Apa
kang diwedeni Suratman kanyata dadi kasunyatan. Awane Laura dolan ing kantor.
Tanpa salam lan kula nuwun Laura
langsung mlebu ana ing ruangane Suratman dhumadakan nyikep Suratman. “Mas aku
tresna karo sampeyan, sampeyan gelem ta sesandingan karo aku.” Panjaluke Laura
marang Suratman. Kaya tatit kang tiba ing sangarepe Suratman ora isa wangsulan
apa-apa. Sajroning pikiran Suratman ora kuwasa nolak nanging ati ora isa
sarujuk karo angen-angene. Abang ireng raine Suratman dhumadakan. Sinambi
nangis ing batin Suratman kepeksa ngiyani panjaluke Laura.
“Aku
sayang sampeyan mas” kandhane Laura sinambi ngaras Suratman. “Aku iya uga
sayang sliramu” wangsulane Suratman. Dina-dina kuwi lan candhake Suratman kaya
ngiling banyu ana ing cangkir loro saka kendhi, kang banyu kendhi kuwi ora kena
kelong luwih saka sacangkir. Menawa ora pinter-pinter anggone ngejok suwe saya
suwe banyu mau mesthi luwih cepet enthek pungkasane keconangan.
Wolu
likur Mei 2011 Suratman ulang taun, seneng campur bingung rasane Suratman.
Seneng amarga mitra-mitrane bakal kumpul, bingung uga carane bagi wektu marang
Septi lan Laura. Apa maneh Laura wis ngomong menawa sedina kuwi dheweke pengen
ngancani Suratman.
“Mas
sampeyan reti mas Ratman ora.” Pitakone
Septi marang Viktor kancane Suratman.
“Mau
sajake karo pacare mb, lha sampeyan ki sinten kok urung tau reti.” wangsulane
Viktor.
“Aku
septi mas, mitrane mas Ratman kuliah biyen mung wae saiki beda anggone nyambut
gawe. Apa wis suwe mas anggone mas Ratman karo mitrane anggone memitran.”
Takone Septi sajak neges-neges.
“Oalah
kancane kuliah mas Ratman mulane aku ora apal. He he, lha ana apa ta mb? Aja-aja
sampeyan ya seneng karo mas Ratman?” Kandhane Victor tanpa mangsuli pitakone
Septi.
“Ora
mas ya mung takon wae, jenenge kanca apa ta lupute menawa ngerti kabare
kancane.” Kandhane Septi karo ngeyem-nyemi atine.
“Ngono
ta dak kira nak wedi kesaingan he-he, mas Ratman karo mb Laura anggone memitran
wis rada suwe mb, udakara nem wulan. Sapa ta kang bakal ora gelem karo mb Laura
wis pawongane kaya model putrane sing duwe prusahaan pisan. Mung wae aku ngeman
karo mas Ratman merga mb Laura kuwi janjane ora banding karo mas Ratman. Menawa
mas Ratman priyantune alus, sopan, menawa mb Laura kuwi pawongane rada kenes
kepara isa disebut luwih saka kuwi.” Anggone Victor njlentrehake marang Septi.
“Ya
wis mas maturnuwun, aku tak mlebu dhisik mengko ndak kedawa-dawa ora apik
dirungokake wong liya, maturnuwun tenan lho.” Septi banjur mlebu ana ing
pondokake Suratman. Dheweke mlebu kanthi netesake eluh ana ing batin amarga
krungu warta kaya mengkono, nanging dheweke ya ora gampang percaya wae marang kabar
kang durung dimangerteni dhewe.
Setengah
ora percaya Septi kanyata apa kang dikandhakake Victor kansunyatan. Suratman
karo Laura nembe gegujengan kanthi mesra. Ora kuat maneh Septi arep nemoni
Suratman, apa meneh arep neges langsung kahanan kang wis nyata ing mata. Syal
werna biru angkasa karo putih kang tinulis “Septi Wulandari Suratman” minangka
tanda tresna kang dijahit dhewe mung diglethakake ana ing
meja, diselipake dluwang cilik kang tinulis geguritan ing wektu iku uga.
Aku isih eling nalika
semana.
Rikala kartika ngancani wengiku,
Aku isih eling nalika semana,
Rikala bagaskara madangi dinaku,
Aku isih eling nalika semana,
Aku eling nalika udan, angin, lan bagaskara nuwuhake
tresnaku,
Aku eling, nanging saiki.
Kartika wis ora gelem ngancani aku maneh,
Bagaskara ketutup mendung kang lelimengan
Aku ora isa mekak,
Mula rilakna aku lunga.
Septi
Wulandari
Wiwit
dina kuwi Septi ngilang ora tau sesambungan karo Suratman. Layang cekak saka
Septi gawe bingung Suratman, kaya ora duwe daya ditinggal dening kekasihe kang
wis suwe cumanthol sanajan Suratman uga wis sesandhingan karo Laura.
Suwene
suwe rasa lara merga ditinggal dening Septi ilang saka atine Suratman. Temtu
wae Laura minangka kenya kang tansah ngeyem-eyemi Suratman, menawa urip iku
mung pisan mula aja digawe susah, sing uwis ya uwis isih ana ngarep kang luwih
cetha. Sajroning setaun Suratman kangsil gayuh kalungguhan minangka direktur.
Drajat, pangkat, semat kang melok dadi bumbu uripe Suratman. Kahanan sarwa
sarwi ana mengkono eling gampang gampang nuwuhake goda. Mula ora mokal yen
Suratman banjur kenal karo donya wengi Jakarta. Sandhangan mlipis komplit
sepatu dadi busana awan bengine, mung bedane menawa awan kanggo tilik kantor
yen wengi kanggo tilik papan liyane. Kahanan kuwi terus lumaku apa meneh
kekasihe Laura uga tut wuri karo Suratman. Kanggone Laura urip mengkono lumrah
wae ana ing kutha gedhe.
Kaya
banyu mili senenge Suratman nglakoni urip kang sarwa ana kepara nguja. Nanging
kang jenenge manungsa, ora mung karep kang prelu digatekake raga ya mengkono.
Rasa seneng kang ora suwe kudu dibayar nganggo kasarasan kang ilang saka awak.
Suratman lara-laranen nganthi mlebu ing rumah sakit. Rada kepenak awake
Suratman banjur nyuwun pamit karo pak Brata lan Laura supaya bisa bali nang
ngomahe sawetara wektu nganthi saras temenanan.
Jam
08.00 isuk dina candhake Suratman tekan ngomahe ing desa. Suara Prenjak pating
cruwit ana mburi omah dadikake larane Suratman ilang. “Woalah Prenjak kasep, kudune le muni
lak ya mau isuk, wong tamune wis teka lagi muni” guneme Suratman karo geguyu
awake dhewe. Kanggo ngilangi kesel Suratman nggoslo ana babrakan buri omah
nganthi keturon. Dheweke ora isa mlebu omah jalaran bapak lan simboke wis
menyang sawah.
“Pak
pak kae sapa pak, wong edan apa wong waras sing turu ana babrakan kae?”
Celuluke mbokne Suratman .
“Ndi
ta bune? “pitakone pak Harjo.
“Kae
lho pakne, sing bantalan tas.” Anggone bu Harjo nerangake.
“Sik
sik lha kae rak Suratman ta, anake dhewe bune. Man Man nger wis suwe leh mu
teka? Ana apa ? arep bali kok ora kabar-kabar, ora tau kirim layang apa telphone uga, rak da becik wae ta?”
pitakone pak Harjo marang Suratman kang urung kebak nyawane.
Ngragapan
Suratman krungu suarane bapak lan simboke. Sajake anggone turu wis rada suwe
nganti bapak lan simboke mulih saka sawah.
“Pangestunipun
pak sedaya sae. Nyuwun pangapunten pak kala wingi ujug-ujug pengen wangsul
dados dereng saged caos kabar.” Anggone Suratman mangsuli pitakonane bapakne.
“Wis
ayo gek da mlebu sik, mengko meneh diteruske anggone rembugan ana jero karo
leren-leren.” Omonge bu harjo karo sajak mesake ndelok anake kang kesel.
Suratman,
pak Harjo, karo bu Harjo enggal menyang
senthong tengah banjur nerusake anggone rembugan. Pak Harjo krungu ceritane
Suratman rumangsa mongkok jalaran anake wis kangsil gayuh apa kang dikarepke. Suratman
uga seneng jalaran bapak lan simboke tansah pinaringan kasarasan. Nanging ana
bab kahanan kang gawe trenyuh atine Suratman nyawang desane kang sarwa prasaja.
Suratman rumangsa lingsem jalaran tindak tanduke ana ing kutha, sanajan bab
tindak tanduke ora dicritake marang pak Harjo. Suratman uga rumangsa sedih
keprungu critane pak Harjo menawa para nom-noman ana ing desa isih akeh kang
mung nyambut gawe buruh pacul, sanajan gawean mengkono ora gawean kang nistha
nanging Suratman ora mentala nyawang kahanan desa kang ora maju-maju.
Telung
dina anggone Suratman ngalamun ora nemu wangsulan saka pitakone dhewe. Godhong
kenikir garing ana ngarepan pungkasane dadi tumbal cunthele pikir. Pancen wong
rada ngragas stres pisan, kenikir garing mau dikum nang jarang lan diombe.
Prasasat kaya oleh wahyu bungah atine Suratman, banyu kenikir mau kanyata
rasane kaya teh celup nanging rada sengir sethitik. “Wah mesthi payu iki menawa
tak dol, ning jare dhong kenikir kuwi marai asam urat mengko gek aku malah
digebuki uwong menawa dodolan barang kang marai kacilakan sik sik mengko dhisik.”
Batine Suratman.
Ora
ana liya kang luwih digdaya tinimbang greged kang makantar-kantar. Wiwit dina
kuwi Suratman ngliyek ana ing desane golek gegodhongan kang ngrembaka ana ing
desane. Wiwit godhong pelem, godhong jambu, godhong talok, godhong nangka
sabrang kabeh gegodhongan dicoba digawe teh. Rasa seger godhong, rasa pait,
sengir, kebrah kabeh dirasakake kaya rasa tresna asih wong kang memitran.
Gusti ora sare, Suratman kangsil gawe teh seka
godhong nangka sabrang. Suratman uga isa makaryake kanca kancane ana ing desa
supaya gawe teh, kepara menawa wis ana kang wani madheg dhewe Suratman ora
kabotan malah gelem ngewangi. Desane Suratman kang maune sepi dhumadakan dadi
sentra industri awit kridane Suratman.
Apa
kang dirasakake dening Suratman nambah sampurna sawise dheweke tepung karo Anis.
Bidan enom kang tugas ana ing kecamatan ing
desane Suratman. Kekarone saiyeg saeka kapti kanggo gawe gemahe desa. Pungkasane
kekarone memitran dadi jaka lan kenya kang srasi, pada lincahe, pada bagus lan ayune.
Amarga
mantep marang Anis Suratman pengin enggal-enggal nglamar Anis marang wong
tuwane. Bebasan ngebun-ebun enjang ajejawah sonten, menawa gelem disuwun,
menawa ora, rila ngemis amrih bisa sesandhingan. Bombong kang matikel-tikel
atine Suratman jalaran lamaran ditampa. Durung gantalan dina ana ing ngomah
Suratman oleh sms kang ora kenyana-nyana. “Mas aku melu bungah gene sampeyan
wis meh bebrayan. Aku titip adhiku ya mas Anis Wulandari, dak rilake adhiku
kanggo sliramu. Muga tansah pinaringan barokah saka gusti kang maha kuasa.”Septi
Wulandari.
Yogyakarta, Maret 2013
Langganan:
Postingan (Atom)