ANALISIS SEMANTIK NAMA SUKET WONTEN ING DESA GROGOL PALIYAN
GUNUNGKIDUL
E-JOURNAL SKRIPSI
dening
Sumaryoto
NIM 09205244042
PROGRAM
STUDI PENDIDIKAN BAHASA JAWA
FAKULTAS
BAHASA DAN SENI
UNIVERSITAS
NEGERI YOGYAKARTA
2014
A. PURWAKA
Suket inggih menika salah satunggal jinising
tetuwuhan ingkang saged gesang wonten
ing sawah saha pategalan. Kahanan menika mratandhakaken menawi suket menika
gampil gesang. Kawontenan kasebat ugi ndayani kathahipun jinis suket. Masarakat
jawa ingkang remen ngatosaken samubarang bab kanyata ugi paring tenger suket
kanthi paring nama ingkang mligi dhumateng suket, ananging kanthi ewah gingsiring jaman kanyata suket
menika awis-awis dipungatosaken. Nama suket wonten ing masarakat Jawi wonten ing jaman samenika sampun awis-awis malih dipunrembag, menika
awit para masarakat samenika langkung menggalih babagan paedah saha
kapitunanipun suket tinimbang namanipun. Kanthi kawontenan menika ndayani nama suket awis-awis dipunwastani.
Kahanan wonten ing nginggil ndayani nama suket
ingkang sampun dangu ngrembaka wonten ing masarakat Jawi menika saya dangu saya
ical. Icalipun basa menika wiwit saking boten dipunmangertosi tegesipun nama
dumugi icalipun nama kanthi permanen.
Kanthi icalipun nama suket saking basa menika ugi mratelakaken ilangipun
kabudayan. Saged kawastanan ilanging kabudayan amargi basa menika perangan
saking kabudayan.
Nama-nama suket menika ingkang gadhah nama mligi saha teges menika kanyata
narik kawigaten supados dipuntliti. Ndhudhah nama saha teges menika kanthi cara
analisis semantik inggih menika salah satunggal cara wigati ingkang saged
dipunlampahi. Cara menika kaajab ndayani lestantunipun basa mliginipun bab nama
suket wonten ing tembe mburinipun.
Wondene nama suket saha tegesipun wonten ing beda papan kadang kala beda. Boten mokal bilih nama menika namung wonten ing papan tertemtu mawon kamangka wonten
ing papan sanes wonten suket ingkang wujudipun sami. Kanthi menika saged ugi wonten ing desa Grogol, wonten suket ingkang sajatinipun sami nanging beda namanipun. Kadadosan ugi bilih wonten
setuggal suket ingkang gadhah nama langkung saking setunggal.
Masarakat desa Grogol ugi gadhah padamelan mayoritas
tani ingkang ndayani kathah masarakat ingkang tasih nengeri nama suket. Nama suket
ingkang ngrembaka menika dereng gadhah cara negesi kanthi cetha pramila
panaliten menika badhe ngudhari cara negesi ingkang cetha supados pikanthuk teges
ingkang gumathok.
B.
GEGARAN TEORI
Semantik inggih menika ngelmu ingkang
nyinau babagan lambang-lambang utawi tanda-tanda ingkang nuduhaken makna,
sambung rapetipun makna setunggal lan sanesipun, saha pengaruhipun dhumateng
manungsa. Mula saking menika semantik ngemot bab tegesing tembung, ngrembakanipun saha ewah
gingsiripun (Tarigan, 1985: 7).
Gayut kaliyan semantik ingkang nyinau bab teges.
Teges
wonten ing padintenan ngemot babagan bab utawi konteks pangangge. Tembung makna
asring dipunanggep sami pangertosanipun kaliyan teges, pamanggih, penggalih,
utawi wos (Suwandi, 2008: 43). Teges leksikal ugi
kasebat teges ingkang
saestunipun, inggih menika makna ingkang jumbuh kaliyan paningalan, pramila
napa wontenipun, utawi makna ingkang wonten ing kamus (Chaer, 2009: 60). Teges kiyambak kanyata sesambungan antawis tembung
setunggal lan sanesipun ingkang kasebat medan leksikal.
Medan leksikal (lexical
Field) dipundamel saking saperangan satuan
leksikal ingkang sesambungan antawisipun setunggal lan setunggalipun Lehrer
lumantar (Wedhawati, 2000: 260). kangge nemtokaken identitas medan leksikal
dipunprelokaken analisis komponen makna. Analisis menika dipunlampahi kanthi milah-milah komponen makna satuan leksikal ingkang dipunanggep adamel medan leksikal. Tuladhanipun satuan leksikal
peksi, ayam, bebek dipunpanggihaken
komponen wulu, swiwi, cucuk, saged mabur,
saged renang (Wedhawati 2000: 261-262). Wontenipun komponen makna menika saged ndayani negesi
tembung dados gampil. Gampiling negesi tembung menika
awit komponen makna menika saged dipunginakaken minangka dhasaring negesi
tembung.
C.
CARA PANALITEN
Panaliten
kanthi irah-irahan kajian Analsis Semantik
nama suket wonten ing desa Grogol, Paliyan, Gunungkidul menika kalebet wonten
ing panaliten diskriptif. Panaliten menika gadhah ancas ngandharaken nama, makna, saha
kagunan suket wonten ing desa Grogol, Paliyan, Gunungkidul kathi napa
wontenipun jumbuh kados andharan wonten ing nginggil. Panaliten
menika ginakaken data
panaliten awujud nama suket, wujudipun suket saha paedahipun
wonten ing desa Grogol, Paliyan
Gunungkidul. Data wonten ing panaliten
menika dipunpanggihaken saking informan. Sumber data panaliten wonten ing
panaliten inggih menika awujud
kertu data, gambar suket, daftar asiling
wawancara.
Cara ingkang
kaginakaken adedhasar kawontenan narasumber wonten ing desa Grogol, Paliyan Gunungkidul. Cara
ingkang kaginakaken inggih menika, Observasi,
wawancara (pirembagan), saha dokumentasi.
Cara analisis
wonten ing analisis menika ginakaken analisis komponensial. Analisis
komponensial kalampahan adedhesar bilih tembung ngandut kesatuan makna ingkang gadhah sistem
ingkang saged dipunandharaken titikan bedanipun, inggih menika komponen ingkang
kontras kaliyan komponen sanesipun,
fungsinipun kangge bedakaken teges setunggal lan sanesipun (Wedhawati wonten
ing Widyaparwa No.31, 1987: 17)
Panaliten menika
ginakaken validitas trianggulasi sumber. Trianggulasi sumber kalampahan kanthi
bandingaken data saking informan. Cara menika ndayani asiling panaliten
kawastanan sah. Validitas salajengipun ingkang kaginakaken inggih menika
validitas semantik. Validitas semantik gadhah ancas ningali dumugi pundi data
saged saged dipuntegesi jumbuh kaliyan konteks basa, dipunprelokaken minangka satuan ingkang ngemot susunan internal ingkang gadhah teges.
Panaliten menika samangkih mawi semantik logika sanes semantik lingual.
Reliabilitas wonten
ing panaliten menika kalampahan kanthi cara nyuwun pirsa dhumateng informan
sanes ngantos ndayani asiling panaliten ingkang tetap. Panaliti ugi ngambali
anggenipun naliti kanthi makaping-kaping. Sasanesipun menika kangge jaga
reliabilitas dipunlampahi ugi kanthi cara konsultasi ahli.
D. ASILING
PANALITEN
Panaliten
bab analisis nama suket menika dipunlampahi wonten ing desa Grogol kecamatan
Paliyan kabupaten Gunungkidul. Asiling panaliten menika awujud data jinising
suket wonten ing desa Grogol kecamatan Paliyan kabupaten Gunungkidul, diskripsi
makna leksikal saha paedahipun.
Nama-nama menika antawisipun:
Alang-alang, Apa-apa, mBakoan, Blembem/
Blemben, Cikalan, Dangon, Dranjangan, Gajahan, Genjahan, Gewor, Grinting, Iles-iles, Kalanjana, Kalamenta, Kapukan,
Katemas, Krokot, Kerok Bathok, Krambilan, Lamuran, Lancuran, Larasetu, Legetan,
Legetun, Lengis, Lempuyang, Lombokan, Lulangan, Mendhongan, Menga-mengo, Menyawun,
Ongkereo, Patikan, Rambutan, Reketek, Ranggitan, Remakan, Sriwit, Suket Ijo, Sundel mbedhel,
Susuh emprit, Tadhah udan, Tali wuyung, Teki, Tuton, Waderan, Wudelan.
Saking 47 jinis suket wonten ing Desaa Grogol, caranipun
maringi nama saged ugi katitik saking paedah, emper-emperan, saha sipat ingkang
mligi. Wondene paedah suket mawarna-warna. Paedahin suket antawisipun
kangge pakan raja kaya, kangge jampi, kangge sarana tolak bala, wot siti saha
tetedhan. Saking mawarna-warna Paedahipun kala wau wonten ing desa Grogol,
Paliyan, Gunungkidul kantun Paedah kangge pakan raja kaya saha wot siti mawon
ingkang asring kaginakaken. Paedah minangka tetamba, sarana tolak bala, saha
tetedhan sampun awis-awis kapanggihaken.
E.
DUDUTAN
Saking asiling panaliten menika dipunmangertosi 47 jinis nama-nama
suket wonten ing desa Grogol, Paliyan, kabupaten Gunungkidul.
Nama Suket wonten ing desa
Grogol saged dipuntegesi kanthi makna leksikal. Makna leksikal menika
kandharaken kanthi cara analisis komponensial. Analisis komponensial menika
kapilih awit kanggep jumbuh saha ngampilaken anggenipun negesi. Wondene asiling
makna leksikal saged karumusaken kanthi, araning suket dipunlajengaken komponen
saha paedah.
Paedah suket wonten ing desa
Grogol, Paliyan, Gunungkidul wonten warni-warni cacahipun. Paedah ingkang
paling umum inggih menika kangge pakan raja kaya. Paedah sanesipun suket saged
dipunginakaken kangge wot, payon, tetamba, sarana tolak bala saha kangge
dedhaharan.
KAPUSTAKAN
Chaer, Abdul. 2009. Pengantar
Semantik Bahasa Indonesia.Jakarta: Rineka Cipta.
Suwandi, Sarwiji. 2008. Semantik Pengantar Kajian Makna. Yogyakarta: Media Perkasa.
Tarigan, Henry Guntur. 1985. Pengajaran Semantik. Bandung: Angkasa.
Wedhawati. 2000. Analisis Komponensial dan Struktuk Medan Leksikal Verbal Indonesia
yang Berkomponen Makna (+Tutur +Mitra Wicara-Serius). Pereksa Bahasa Hlm 259-289.
Yogyakarta: Balai Bahasa.
Wedhawati. 1987. Analisis Semantik Kata Kerja
Bahasa Jawa Tipe Nggawa. Widyaparwa nomor 31 Hal
17-31. Yogyakarta: Balai Penelitian Bahasa.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar