Minggu, 01 Juni 2014

Wulandari

Wulandari
Dening Angka Wijaya

Angin wengi kang sembribit ngancani lelamunane Suratman ngambara. Padhange rembulan lan lintang ing angkasa nambah endahe lelamunane Suratman. Mripate ora kedep nyawang langit sambi mesam-mesem. Suara mobil lan motor ing tengah kutha ora dirungokake maneh. Sajroning lelamunan Suratman ngalembana awake. “Kaya ngene iki rasane wong urip mulya, kepenak tur ayem, kok ya ora wit biyen aku urip ana kutha. Lulus kuliah, nyambut gawe pangkate ya lumayan wis duwe calon sisan, pancen bejo tenan awaku.”
Tit tit tit, ada sms, ada sms. Dhumadakan Hpne Suratman nyuwara. “Wo lha jan Hp ra reti wong lagi seneng ganggu wae. Sapa ta sms ra reti wektu ki ?” anggone Suratman gersula jalaran diganggu anggone ngalamun. Sms banjur dibukak kanyata sms seka kekasihe Septi Wulandari kang njalari Suratman ora nyidake olehe nesu.

“Tresna iku kaya tibaning udan ing bumi kang ora milih-milih papan tumiba.
Tresna iku kaya obahing angin ing ngawang-awang kang ora ngerti saka ngendi papan dhununge.
Tresna iku sinaring sang bagaskara tumrape para urip.”

“Sayang mangertiya umpama udan, angin, lan srengenge iku tresna ya mung sliramu kang pantes dadi udan, angin, lan srengenge.” Walese sms Suratman marang Septi.

“Mas aku kapang kaiyan sampeyan, wis rong dina ora kepethuk, sampeyan lagi ngapa?”Pitakone septi marang Suratman, pancen Septi marang Suratman.

“Lagi ngalamunke kenya ayu,” sambunge Suratman.

“Lagi rongg dina ora kepethuk wis ngelamunke wong ayu, hayo SAPA? (NESU).” Wangsulane Septi ana ing sms.

“Sapa ya? Ya mesthi wae sing nampa sms iki.” Wangsulane Suratman karo guyu njegigik.

“Sampeyan iku lho mas marahi tambah tresna wae. He-he isin aku, ndelik ah.” kandhane Septi.

Nganthi jam 01.00 wengi anggone Suratman smsan. Ngalor ngidul ora karuan. Pungkasane Suratman mungkasi smse amarga wedi mundhak kasep anggone nyambut gawe sesuk.
Sanajan uwis duwe kalungguhan kang dhuwur ana ing papane nyambut gawe, Suratman ora gampang marem  karo apa kang diduweni. Kepinginan gayuh kalungguhan kang luwih dhuwur saben-saben mlebu sajroning angen-angene. Pancen Suratman kuwi bocah kang mempeng, kawiwitan nyambut gawe ana bagian marketing ing prusahaan tour lan travel, kang saben dina kudu kekancan karo kebul lan panase srengenge Jakarta saiki wis isa dadi manajer marketing ing prusahaan iku,  mung wae Suratman ora marem karo kahanane kuwi. Pepinginan kang dirasakake terus ngrembaka.
Apa kang dikarepe Suratman kanyata kaya tumbu oleh tutupe. Suratman di senengi dening wong kang duwe prusahaan aggone dhewekw nyambut gawe. Pak Brata priyayi kang duwe prusahaan mongkok duwe karyawan kaya Suratman, pawongane bagus, greteh lan mempeng anggone nyambut gawe. Kahanan mengkono kang gawe cedhake Suratman marang pak Brata, saben  ana tender Suratman kang didhawuhi mangkat. Kanyatan kuwi uga ora mung dadikake cerake Suratman  marang pak Brata nanging uga karo kaluwargane pak Brata, lha kepie wong saben-saben ana tender gedhe lan rada rusia pak Brata remen menawa rembugan ana ngomah.
“Badhe kondur mas? Sampun dalu mbok boten sah, nyipeng mriki mawon.” Panjaluke Laura, putra mbarepe pak Suratman.
“Ora mb, wong pondokanku ya ora adoh seka kene.” Ature Suratman kanthi kurmat.
“Iya ora papa Man, sesuk mangkate bareng aku wae.” Sahute pak Brata.
“Boten pak, boten sekeca kaliyan kanca-kanca mangkih ten kantor.” wangsulan Suratman sepisan maneh pratanda pancen pengin bali.
“Ya menawa mengkono ya ora papa.” Ngendikane pak Brata.
“Walah bapak ki lho, rak ya mesake ta.”Omonge Laura Sajak kuciwa.
“Ora papa mb,  aku tak pamit wae. Assalamualaikum.” ature Suratman pungkasan terus bablas bali ana pondokan.
Laura Subrata kenya ayu kang  gawe gunjingin atine Suratman. Dheweke rumangsa keceraken karo kluwargane pak Brata kang njalari tuwuhing wit katresan saka Laura. Menawa dipikir-pikir kanthi temenanan pancen Laura kuwi kenya kang ayu, pinter, putih kaya model sugih pisan. Menawa dheweke males katresnaning Laura mesthi wae drajate munggah, menyang ngendi-ngendi sumanding kenya ayu tur dheweke mesthi wae kecipratan sugihe kepara pak Brata mesthi menehi kalungguhan drektur marang dheweke amarga Laura kuwi putri kang paling ditresnani.
Mosik pikirane Suratman wengi iku ing pondokan. Suratman ora mentala yen arep ninggal Septi kekasihe kang wis sesambungan udakara telung tahun. Suratman uga ora kuwasa nolak katresnane Laura  mundhak gawe kuciwa, apa meneh dheweke nyambut gawe ana prusahaane pak Brata ya bapake Laura. Ora bejo gaweane uga mandheg.  Kahanan mengkono kang diwedeni dening Suratman. Apa iya dheweke bakal nyanding kekarone. “Ah kula kedhah kadospundi gusti? “Sambate suratman.
Apa kang diwedeni Suratman kanyata dadi kasunyatan. Awane Laura dolan ing kantor. Tanpa salam  lan kula nuwun Laura langsung mlebu ana ing ruangane Suratman dhumadakan nyikep Suratman. “Mas aku tresna karo sampeyan, sampeyan gelem ta sesandingan karo aku.” Panjaluke Laura marang Suratman. Kaya tatit kang tiba ing sangarepe Suratman ora isa wangsulan apa-apa. Sajroning pikiran Suratman ora kuwasa nolak nanging ati ora isa sarujuk karo angen-angene. Abang ireng raine Suratman dhumadakan. Sinambi nangis ing batin Suratman kepeksa ngiyani panjaluke Laura.
“Aku sayang sampeyan mas” kandhane Laura sinambi ngaras Suratman. “Aku iya uga sayang sliramu” wangsulane Suratman. Dina-dina kuwi lan candhake Suratman kaya ngiling banyu ana ing cangkir loro saka kendhi, kang banyu kendhi kuwi ora kena kelong luwih saka sacangkir. Menawa ora pinter-pinter anggone ngejok suwe saya suwe banyu mau mesthi luwih cepet enthek pungkasane keconangan.
Wolu likur Mei 2011 Suratman ulang taun, seneng campur bingung rasane Suratman. Seneng amarga mitra-mitrane bakal kumpul, bingung uga carane bagi wektu marang Septi lan Laura. Apa maneh Laura wis ngomong menawa sedina kuwi dheweke pengen ngancani Suratman.
“Mas sampeyan reti mas Ratman ora.”  Pitakone Septi marang Viktor kancane Suratman.
“Mau sajake karo pacare mb, lha sampeyan ki sinten kok urung tau reti.” wangsulane Viktor.
“Aku septi mas, mitrane mas Ratman kuliah biyen mung wae saiki beda anggone nyambut gawe. Apa wis suwe mas anggone mas Ratman karo mitrane anggone memitran.” Takone Septi sajak neges-neges.
“Oalah kancane kuliah mas Ratman mulane aku ora apal. He he, lha ana apa ta mb? Aja-aja sampeyan ya seneng karo mas Ratman?” Kandhane Victor tanpa mangsuli pitakone Septi.
“Ora mas ya mung takon wae, jenenge kanca apa ta lupute menawa ngerti kabare kancane.” Kandhane Septi karo ngeyem-nyemi atine.
“Ngono ta dak kira nak wedi kesaingan he-he, mas Ratman karo mb Laura anggone memitran wis rada suwe mb, udakara nem wulan. Sapa ta kang bakal ora gelem karo mb Laura wis pawongane kaya model putrane sing duwe prusahaan pisan. Mung wae aku ngeman karo mas Ratman merga mb Laura kuwi janjane ora banding karo mas Ratman. Menawa mas Ratman priyantune alus, sopan, menawa mb Laura kuwi pawongane rada kenes kepara isa disebut luwih saka kuwi.” Anggone Victor njlentrehake marang Septi.
“Ya wis mas maturnuwun, aku tak mlebu dhisik mengko ndak kedawa-dawa ora apik dirungokake wong liya, maturnuwun tenan lho.” Septi banjur mlebu ana ing pondokake Suratman. Dheweke mlebu kanthi netesake eluh ana ing batin amarga krungu warta kaya mengkono, nanging dheweke ya ora gampang percaya wae marang kabar kang durung dimangerteni dhewe.
Setengah ora percaya Septi kanyata apa kang dikandhakake Victor kansunyatan. Suratman karo Laura nembe gegujengan kanthi mesra. Ora kuat maneh Septi arep nemoni Suratman, apa meneh arep neges langsung kahanan kang wis nyata ing mata. Syal werna biru angkasa karo putih kang tinulis “Septi Wulandari Suratman” minangka tanda tresna kang dijahit dhewe mung diglethakake   ana ing meja, diselipake dluwang cilik kang tinulis geguritan ing wektu iku uga.
Aku isih eling nalika semana.
            Rikala kartika ngancani wengiku,
            Aku isih eling nalika semana,
            Rikala bagaskara madangi dinaku,
            Aku isih eling nalika semana,
            Aku eling nalika udan, angin, lan bagaskara nuwuhake tresnaku,
            Aku eling, nanging saiki.
            Kartika wis ora gelem ngancani aku maneh,
            Bagaskara ketutup mendung kang lelimengan
            Aku ora isa mekak,
            Mula rilakna aku lunga.
                                                                        Septi Wulandari
Wiwit dina kuwi Septi ngilang ora tau sesambungan karo Suratman. Layang cekak saka Septi gawe bingung Suratman, kaya ora duwe daya ditinggal dening kekasihe kang wis suwe cumanthol sanajan Suratman uga wis  sesandhingan karo Laura.
Suwene suwe rasa lara merga ditinggal dening Septi ilang saka atine Suratman. Temtu wae Laura minangka kenya kang tansah ngeyem-eyemi Suratman, menawa urip iku mung pisan mula aja digawe susah, sing uwis ya uwis isih ana ngarep kang luwih cetha. Sajroning setaun Suratman kangsil gayuh kalungguhan minangka direktur. Drajat, pangkat, semat kang melok dadi bumbu uripe Suratman. Kahanan sarwa sarwi ana mengkono eling gampang gampang nuwuhake goda. Mula ora mokal yen Suratman banjur kenal karo donya wengi Jakarta. Sandhangan mlipis komplit sepatu dadi busana awan bengine, mung bedane menawa awan kanggo tilik kantor yen wengi kanggo tilik papan liyane. Kahanan kuwi terus lumaku apa meneh kekasihe Laura uga tut wuri karo Suratman. Kanggone Laura urip mengkono lumrah wae ana ing kutha gedhe.
Kaya banyu mili senenge Suratman nglakoni urip kang sarwa ana kepara nguja. Nanging kang jenenge manungsa, ora mung karep kang prelu digatekake raga ya mengkono. Rasa seneng kang ora suwe kudu dibayar nganggo kasarasan kang ilang saka awak. Suratman lara-laranen nganthi mlebu ing rumah sakit. Rada kepenak awake Suratman banjur nyuwun pamit karo pak Brata lan Laura supaya bisa bali nang ngomahe sawetara wektu nganthi saras temenanan.
Jam 08.00 isuk dina candhake Suratman tekan ngomahe ing desa. Suara Prenjak pating cruwit ana mburi omah dadikake larane Suratman  ilang. “Woalah Prenjak kasep, kudune le muni lak ya mau isuk, wong tamune wis teka lagi muni” guneme Suratman karo geguyu awake dhewe. Kanggo ngilangi kesel Suratman nggoslo ana babrakan buri omah nganthi keturon. Dheweke ora isa mlebu omah jalaran bapak lan simboke wis menyang sawah.
“Pak pak kae sapa pak, wong edan apa wong waras sing turu ana babrakan kae?” Celuluke mbokne Suratman .
“Ndi ta bune? “pitakone pak Harjo.
“Kae lho pakne, sing bantalan tas.” Anggone bu Harjo nerangake.
“Sik sik lha kae rak Suratman ta, anake dhewe bune. Man Man nger wis suwe leh mu teka? Ana apa ? arep bali kok ora kabar-kabar, ora tau kirim layang  apa telphone uga, rak da becik wae ta?” pitakone pak Harjo marang Suratman kang urung kebak nyawane.
Ngragapan Suratman krungu suarane bapak lan simboke. Sajake anggone turu wis rada suwe nganti bapak lan simboke mulih saka sawah.
“Pangestunipun pak sedaya sae. Nyuwun pangapunten pak kala wingi ujug-ujug pengen wangsul dados dereng saged caos kabar.” Anggone Suratman mangsuli pitakonane bapakne.
“Wis ayo gek da mlebu sik, mengko meneh diteruske anggone rembugan ana jero karo leren-leren.” Omonge bu harjo karo sajak mesake ndelok anake kang kesel.
Suratman,  pak Harjo, karo bu Harjo enggal menyang senthong tengah banjur nerusake anggone rembugan. Pak Harjo krungu ceritane Suratman rumangsa mongkok jalaran anake wis kangsil gayuh apa kang dikarepke. Suratman uga seneng jalaran bapak lan simboke tansah pinaringan kasarasan. Nanging ana bab kahanan kang gawe trenyuh atine Suratman nyawang desane kang sarwa prasaja. Suratman rumangsa lingsem jalaran tindak tanduke ana ing kutha, sanajan bab tindak tanduke ora dicritake marang pak Harjo. Suratman uga rumangsa sedih keprungu critane pak Harjo menawa para nom-noman ana ing desa isih akeh kang mung nyambut gawe buruh pacul, sanajan gawean mengkono ora gawean kang nistha nanging Suratman ora mentala nyawang kahanan desa kang ora maju-maju.
Telung dina anggone Suratman ngalamun ora nemu wangsulan saka pitakone dhewe. Godhong kenikir garing ana ngarepan pungkasane dadi tumbal cunthele pikir. Pancen wong rada ngragas stres pisan, kenikir garing mau dikum nang jarang lan diombe. Prasasat kaya oleh wahyu  bungah  atine Suratman, banyu kenikir mau kanyata rasane kaya teh celup nanging rada sengir sethitik. “Wah mesthi payu iki menawa tak dol, ning jare dhong kenikir kuwi marai asam urat mengko gek aku malah digebuki uwong menawa dodolan barang kang marai kacilakan sik sik mengko dhisik.” Batine Suratman.
Ora ana liya kang luwih digdaya tinimbang greged kang makantar-kantar. Wiwit dina kuwi Suratman ngliyek ana ing desane golek gegodhongan kang ngrembaka ana ing desane. Wiwit godhong pelem, godhong jambu, godhong talok, godhong nangka sabrang kabeh gegodhongan dicoba digawe teh. Rasa seger godhong, rasa pait, sengir, kebrah kabeh dirasakake kaya rasa tresna asih wong kang memitran.
   Gusti ora sare, Suratman kangsil gawe teh seka godhong nangka sabrang. Suratman uga isa makaryake kanca kancane ana ing desa supaya gawe teh, kepara menawa wis ana kang wani madheg dhewe Suratman ora kabotan malah gelem ngewangi. Desane Suratman kang maune sepi dhumadakan dadi sentra industri awit kridane Suratman.
Apa kang dirasakake dening Suratman nambah sampurna sawise dheweke tepung karo Anis. Bidan enom  kang tugas ana ing kecamatan ing desane Suratman. Kekarone saiyeg saeka kapti kanggo gawe gemahe desa. Pungkasane kekarone memitran dadi jaka lan kenya kang srasi, pada lincahe, pada bagus lan ayune.
Amarga mantep marang Anis Suratman pengin enggal-enggal nglamar Anis marang wong tuwane. Bebasan ngebun-ebun enjang ajejawah sonten, menawa gelem disuwun, menawa ora, rila ngemis amrih bisa sesandhingan. Bombong kang matikel-tikel atine Suratman jalaran lamaran ditampa. Durung gantalan dina ana ing ngomah Suratman oleh sms kang ora kenyana-nyana. “Mas aku melu bungah gene sampeyan wis meh bebrayan. Aku titip adhiku ya mas Anis Wulandari, dak rilake adhiku kanggo sliramu. Muga tansah pinaringan barokah saka gusti kang maha kuasa.”Septi Wulandari. 

Yogyakarta, Maret 2013 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar